Postingan iki khusus njenengan sing durung ngerti gending-gending kanggo iringan manten temu lan kirab. menowo iso dirungokake sinambi leyeh-leyeh karo nyruput kopi tubruke yu lasiyem.
nah sikine langsung wae :
Iringan kanggo getokake manten putri mlebu neng kursi temanten nganggo Ldr SEKARTEJO
Ldr SEKARTEJO
Gending kanggo ngetokake temanten kakung neng ngarep keron ( gapuro manten ) jenenge ldr WILUJENG
ldr WILUJENG
Iringan Kanggo nemokake pengantien kekalih Ket KODOK NGOREK
Ketawang KODOK NGOREK
upacara manten temu wis rampung banjur ibu bapake ngiringake manten neng kursi pengantien kekalih, nganggo iringan Ket LARASMOYO.
Ketawang LARASMOYO
iringan kanggo besan mlebu neng kursi besan di iringi gending tirtokencono
Ketawang TIRTOKENCONO
sak banjure pinangantien kekalih sungkem marang bapak ibu nganggo iringan Ketawang Mijil wigaringtyas
Ketawang MIJIL WIGARINGTYAS
subomanggolo mlebu di iring karo putri domas neng gapuro temanten
AYAK-AYAKAN
Pinangantien kekalih ganti busono kasariyan di iringke subomanggolo karo putri domas
Ketawang LANGENGITO
pinangantien kekalih mlebu maneh neng kursi temanten.
Ketawang SUBOKASTOWO
metune subomanggolo karo putri domas neng asrama pengantien diiringi gending dolanan
LELAGON GELANG KALUNG
Budaling tamu undangan
Ldr GLEYONG
Neng duwur iki mau urutane acara pahargyan penganten, sakjane isih akeh banget urut-urutane, mung manut soko protokol ( MC )
eh.eh.eh. ngantek lali sithik ... urut - urutane acara pahargyan manten kuwi mau kudu enek sing gowo acara, la jenenge sing gowo acara kuwi mau pak PROTOKOL ( dudu Internet Protokol TCP/IP lho ).
Gending kanggo ngiringi protokol kuwi jenenge Ket SANTIMULYO
Ketawang SANTIMULYO






32 komentar:
mbok yao, sekalian dikasih Mp3 donk Muas, ben ora bingung ndolek i, salam kenal
Rasane seneng biso muter gending-gending sing kasete wis langka neng toko kaset, tokone wis bubar. Arjo
terima kasih mas buat pengetahuan tentang acara nikahan dalam adat jawa & lagu gendingnya
mantap
matur suwun kang mas gending pengiring kemantenipun.mugi saget pengetahuan anak cucu mbenjang.
matur nuwun dumateng rencang2 sedoyo inkang sampun maringi komeent, mugi2 dadosaken greget kawulo dateng ngembangaken blo meniko ...
seeeeeeeeeeeeeepppp...........
pokok'e nyamleng
saget dipun download punapa mboten gending2 kasebat? Nuwun, Heru.
saget kemawon, tapi kedah ngagem IDM. nggih karana link ipun kawulo pendet previewnipun. umpami search google IDMipun tasih trial ?! njenengan unduh wonten blok meniko http://teguhpurwaka.blogspot.com/2010/02/download-internet-download-manager.html . matur nuwun sampun kersa pinarak wonten blog kulo .....
matur nuwun...
Nuwun sewu.....badhe nuyuwun idin dherek download gendhing-gendhingipun.....
monngo mas ....
Matur nuwun P.Teguh kawulo sampun saged ngunduh komplit....plit, mboten wonten ingkang katalumpen, mugi tambah sumebyar, Amin.
Matur nuwun sanget Bapak Teguh, kaluwo ngunduh komplit gending-gending puniko kagem acara kawulo.. insyaAlloh benjang wulan november 11th..
monggo mz .....
Ancen endah temen kok wus angel banget golekane gending-gending koyok iku
jan penank tenan. kagem download saget damel Internet Download Manager (IDM). matur suwun
nggih ....
menawi badhe ngunduh wonten mboten
POYO DE
NYUWUN TULUNG KULO DI GAWEKE URUT2AN GENDING~GENDING PENGIRING MANTEN
1.SRIWIDODO
2.KODHOK NGOREK ....LARASMOYO
3.MOCOPAT...DANDANGGULO SUNGKEMAN
4.TIRTO KENCONO
5.IBU PERTIWI / KETAWANG WIGARINGTYAS
6.KETAWANG LANGEN GITO SRINARENDRO
mas teguh, piye cara ngunduh gending ing nduwur kuwi
wah jan siiiiip tenan pak langkung sae kalebetaken MP3 sahinggo saget kaunduh dening poro pandemen budhoyo adi luhung warisan poro leluhur
mas..... gak ada lirik nya tha ??? aku gak apal nich
plis dee,,,,,,
piye arep ngrungokno,,,
isine kok namung,,,,ERROR OPENING FILE,,,,
enek ra tho jane,,,,,
asline yo butuh neng njelimet,,,,
tp yo mtur suwon,,,,
beneri maleh pak tuwo,,,,kersane tmbah sekeco,,,,
Allivio @ pasang dulu Plugin Flash Player di mozilla ato di IE jenengan, habis itu pasang IDM ....
Mbak Chici @ Gak ada mbak ...
ko ora iso di mirengke yoo..
pripun carane nek arep mirengake..
jenengan pasang dulu Plugin Flash Player , gen kulo aman mawon og mz .... nuwun
menawi gending kangge mlebetaken temanten sekalian wonten pahargyan ngundhuh mantu punapa? nuwun...
kebo giro mas ...
matur nuwun...
Nyamleng tenan..
Poskan Komentar